Malang Jaman Biyen

Lagi kangen kampung pas ndelok-ndelok ndek forum ono tulisan koyok ngene. Sam seng nulis sepurane tak copas tulisane… sumber forum.bergaul.com

Hayo sopo sing tau nglakoni urip jaman ngene ndek malang?

  • Ngemut Gulali
  • Nakam Gatot, cenil, bledus, karak, rujak gobet, jenang grendul, Kokam. Opo maneh yo ? saking akehe lali kabeh
  • Maen kuwartet, Umbulan, Nekeran
  • Tau melok2 nari breakdance
  • Kolem klub sepatu roda Kagana (Kanjuruhan Gajayana) ndik Jl. Ijen
  • Nek nang alun-alun tujuane ndelok air mancur, mbek mangan tahu petis, karo nonton tandak bedhes sarimin
  • Numpak sepeda pancal ga’ wani liwat embong gedhe, soale ga’ duwe peneng
  • Nggandol Cikar sampek tekan Gadang
  • Sing ga iso ORARI-an, nggawe interkom (Bendino ngolor2 kabel interkom terus ground ne di lebok no sumur
  • Numpak Bemo Teko comboran nang Mergan
  • Mikrolet ono’e sek jurusan AG,…ongkose 250an
  • krupuk 25 oleh 2
  • nyolongi buah ndek wit e tonggo e
  • tuku cap-cap an gambar e rambo, rocky utowo cobra
  • lek udan panas jare wewe gombel manak
  • golek susuane manuk emprit
  • main nitendo ndek talun seprapat jam Rp.250
  • dino minggu awan ndelok telenovela sing onok justo e (opo judul e lali aku)
  • nyamblek coklat ndek supermarket
  • dulinan belu tong2 (terusanne lali) ambek sing si si si lama2 menjadi polisi
  • duwe sandal gunung carvil rasane koyok mbois dewe
  • ngerungokno arya kamandanu
  • Radio FM pertama : Kalimaya Bhaskara
  • Seneng ngrungokno Radio Senaputra sing penyiare bung Ovan Tobing
  • golek teks lagu nang pak Zakki Radio TT 77
  • Plaza pertama, Malang Plaza
  • Nonton Kungfu Master I (Jet Lee) ndek Kelud, Jaya Theater, Mulia Theater, Garuda Theater,Irama theater, Ria Theater
  • Nduwe sepeda BMX, diduwurno sadele,..trus gear diganti Goldtrap cek ne iso standing
  • Telpon kodew nggawe telpon umum koin ndek rumah sakit,..cek ne sepi
  • Nomer telpon cuma 5 digit
  • Nek gak duwe telpon, ngeke’i nomer telpon tonggone
  • Usum rambut di Kuncir koyo buntute tikus. Tambah dowo tambah sangar
  • Celono Jeans di lingkis tebel sampe ketok sing bagian putih’e
  • Tau nggawe celono streatch (strit) sing nek nggawe, sikile dibungkus kresek disik
  • Celono bolong dengkule
  • Moco komik DJAIR,Trigan, Arad & Maya, Coki si Pelukis Cepat, Roel Dijkstra ndek majalah Hai, tukune ndek Boldi
  • Sore-sore jajan tuku roti goreng mbek kue moho ndek sebelahe biskop jaya
  • Omah2 podo dicet tulisan PKK gede dek gentenge. Tujuane opo,..sampe saiki aku gak ngerti..
  • Es Tawon kidul dalem….maknyussss !!!
  • Ono’ sing iling “selawe..selawe. .nontok nang Em Te !!!”
  • Podo ngumpulno bekas bungkuse permen karet “Yosan”
  • Pas sek sekolah TK, tau nyanyi bareng2 nang RRI. Wong sa’ kampung dikandani cek ngrungokno radio
  • Klambi klombor,..nek mlaku tangane melambai2 kiwo tengen…< Kethok nek arek mokong !
  • Sepedaan BMX, ruji bane e dipasangi plembungan. Unine koyok adapes rotom
  • Sek akeh arek cilik dulinan engklek, sing kodew bekelan
  • sik eling Polisi sing jenenge MIRAN ??? sing senengan e oprak-oprak wong Becak an
  • Tali sepatu ombo, terus warna warni
  • Nggawe Celono pendek batik ambek Topi koyok topi jepang
  • Ngumpulno kliping koran tema e PON (pekan Olah raga nasional) teko awal sampe penutupan
  • Gerhana matahari total, ga’ oleh metu teko omah. Nek metu di weden-wedeni ngko iso buta
  • Food center panggonan favorit gawe gaya2 an….padahal cuma pesen soda gembira, opo coca-cola thok
  • malam jumat ndelok friday 13th
  • Sopo sing gak kenal “Eric Estrada”? CHIP’s
  • Niru dadi chip,..playon mbek kathok’e diselipi debog e gedang
  • Ibu’ku njait klambi karo ngrungokno sandiwara radio saur sepuh, trus ibuku malang ibuku tersayang, trus misteri gunung merapi
  • Seneng nonton acara Musik Album Minggu, Selecta Pop, SAFARI, Kamera Ria
  • Aneka Ria Safari…… pengarah acara Eddy Sud

Tinggalkan komentar